Jumat, 09 Februari 2018

layang ( surat )

LAYANG ( SURAT ) 

Layang iku salah sijine alat utawa piranti kanggo ngungkapake kekarepan ati kanthi cara ditulis. Nalika arep nulis layang bab bab wigati sing kudu digatekake yaiku :
  1. Panulisane jeneng kang dituju kudune genep. yen perlu katulis lengkap pangkat / Kalungguhane.
  2. Panulisane alamat/papan sing arep dikirim kudu cetha an jangkep. (Prayogane ditulis uga kode pose)
 Wujude Layang :
Miturut wujude layang iku ana 8 yaiku :
  1. Layang kitir, yaiku layang sing isine mung seperlune wae, cekak, ditulis ing dluwang/ kertas sakecandhake, nanging ditengeri mawa tulisan kitir.
  2. Layang paturan, sawijine layang sing isine menehi weruh utawa ngabari samubarang sing kudu dingerteni dening wong akeh.
  3. Layang dhawuh, yaiku layang sing isine dhawuhe wong dhedhuwuran marang andhahane (saka wong sing luwih dhuwur pangkate marang sangisore ).
  4. layang lelayu, yaiku layang sing isine menehi kabar kesripahan utawa wong kepaten.
  5. Layang ganep, layang sing sisne jangkep ( ngunakake unggah- ungguh sing trep, nganggo bebuka, isi, panutup tanggal, prepenah, lan tanda tangan sarta jenenge sing ngirim ). Layang ganep uga diarani layang kiriman utawa iber- iber.
  6. Layang ulem, yaiku layang undhangane wong sing duwe gawe ( mantu, khitanan, ulang tahun, lan pahargyan liyane).
  7. Layang resmi, yaiku layang sing isine babagan kedhinasan saka instansi pamarinta utawa swasta.
  8. Layang pariwara, yaiku layang sing isine kudu dimengerteni wong akeh .
 Perangane layang : 
  1. Titi mangsa yaiku panggonan, tanggal, sasi, lan taun panulisan layang (waktu pembuatan surat)
  2. Satata basa yaiku alamat kang dikirimi layang ( alamat yang dituju )
  3. Adangiyah / adawiyah yaiku tembung pamuji rahayu, saemper uluk salam (hampir mirip dengan salam) upamane: Asslamualaikum wr.wb. ; Sembah winantu suka basuki; Winantu ing bagya mulya; Sembah sungkem; lsp
  4. Pambuka yaiku nelakake kabar kaselametan kang ngirim layang lan pangarep-arep supaya kang dikirimi layang uga selamet (memberikan kabar keselamatan dari yang mengirim surat dan berharap yang dikirimi surat juga selamat)
  5. Surasa basa yaiku isine layang, kekarepane layang (intisari pembuatan surat / tujuan mengirim surat)
  6. Wasana basa yaiku pungkasaning layang (penutup surat)
  7. Peprenahan yaiku mujudake sesambungan antarane kang ngirim layang lan kang dikirimi layang utawa asale layang (asal pembuat surat) umpamane: ingkang putra; saka bapakmu; ingkang rayi; eyangmu; lsp
  8. Tapak asma yaiku tandha tangane wong kang ngirim layang (tanda tangan pembuat surat)
  9. Asma terang yaiku jenenge wong kang ngirim layang (nama pengirim surat)


 sumber :
http://www.gerbangilmu.com/2015/04/bab-bab-lan-urutane-nulis-layang-bahasa-jawa.html
buku paket basa jawa semester 2 kelas 8 ( wolu )
https://peranganlayang.blogspot.co.id/2016/04/perangane-layang-bagian-surat.html


 CONTOH LAYANG :
1 Layang Ganep

 Bojonegoro,15 Oktober 2016

Sembah Pangabekti Katur
dhumateng simbah
Ing Yogyakarta

Assalamualaikum Wr.Wb
Kados pundi kabaripun simbah? kula sehat-sehat kimawon,lan mugi-mugi kabaripun simbah uga tansah sehat-sehat kimawon. Kanthi serat punika kula ngaturi punapa preinan sekolah kula badhe tindak dhateng griya simbah. Sampun dangu kula mboten tindhak dhateng griya simbah.
Preinan sekolah niki kula rencananipun badhe tindhak dhateng griya simbah kaliyan kaluwarga. Kula sakaluwarga kangen marang simbah. Sampun dangu mboten pethuk simbah. Kula ugi ngendika yen kula mikantukaken peringkat 1 wonten sekolah. Menawi kula sampun ngantos dhateng mrika,Simbah muruki kula wonten stasiun nggih,amargi kula kaliyan kaluwarga kula mboten ngertos radinan wonten Yogyakarta
Cekap semanten atur kula,nyuwun pangapunten bilih wonten kalepatan angger kula matur,Nuwun.

 Ingkang Kula,
Putumu
2. Layang Kitir

Andy Kurniawan

Wiyose bu, yen ibu pepingin kulo wangsul. Kulo mboten saget wangsul,amarga kulo isih skripsi ing kampus, saget wangsul,yen sampun rampung skripsi.
Samarinda,1 juli 2000
Putranipun ibu,


Siti Lestari
 3. Layang Ulem

Winantu saguning kaslametan
Hawit saka sih nugrahaning Gusti Allah Kang Maha Kuwasa tansah ambabar kaslametan tumanduk marang aku lan kowe kabeh. Manawa Gusti Allah Kang Maha Murah paring kaslametan lan pinuju ora ana alangan sawiji apa, aku kepengin njaluk tekane kanca-kancaku :
Ing tata cara        : ulang tahun kalairanku kang kaping 17
Dina / Tanggal   : Minggu Paing, 24 September 2013
Papan                  : omahku rattan Kembang Tanjung No. 3 Surakarta
Gedhe banget pangep-arepku, kanca-kanca padha gelem teka ana sajroning tata cara kasebut.
Mangkono mungguhpanjalukku marang para kanca. Awit saka kawigatene para kanca kabeh, aku nelakake panuwun tanpa upama.
Rahayu kang padha tinemu.

                                                                                    Surakarta, 15 September 2013
                                                                                                Susilawati
4. Layang Paturan

kagem para peserta

Kanggo kabeh peserta saka lomba perampokan ing Indonesia Kamardikan hajat dina ing 17 Agustus 2013 ing desa Shoots tresnaa, Heart Kembang Distrik, Distrik Sang Roh Suci, kanggo ora ngapusi nalika lagi diputer, amarga lomba perampokan lomba bakal dirawuhi dening Pak Kepala lan bakal diterbitaké ing budaya Metro bagean .

NuwunPanitia lomba

**Layang Paturan yaiku layang sing dikirim andhahan marang ndheduwuran.  Tuladhane pak lurah ngabari marang pak camat yen ing desane lagi ana garong, padudon, utawa kobongan.**

5. Layang Pariwara 


6.  Layang Resmi

 SEKOLAH MENENGAH PERTAMA                                     
                                                SMP NEGERI KARTANEGARA
                      
                      ORGANISASI SISWA INTRA SEKOLAH
     
       Alamat : Jl. Kartini No. 58 Telp. (0283) 351355 Kota Tegal - 52125

Nomor :    176 / OSIS / SMPN 10 / VIII / 2014                     Katur,Bab       : Lomba Maca Pidhato                                            Dhumateng Mas Lazuardi W.P
                                                                                                 Ing ....

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Kangge mengeti Dinten Pendidikan Nasional, kula selaku panitia lomba badhe ngundang Mas ... ing lomba maca pidhato ingkang dipun wontenaken benjing :
Dinten                       : Sabtu
Surya kaping            : 10 Januari 2014
Wanci                        : Tabuh 07.00 – 11.00 WIB
Papan panggonan   : Ruang Aula SMPN ....

Mekaten undhangan kula, mugia Mas..... sedaya saged guyub sami dhateng ing lomba kasebut.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

                                                          klaten, 1 Januari 2017
                                                            Ketua Panitia Lomba


                                                               Adi Hesti
7. Layang Dhawuh
Para siswa kang tansah daktresnani, Sesambetan kaliyan pengetan dinten Kamardhikan kaping 69 Republik Indonesia, OSIS SMA Negeri 2 Surabaya badhe dherek-dherek ngrameaken. Awit saking punika, OSIS ngawontenaken kagiyatan Lomba Maca lan Nulis Geguritan ingkang badhe kalaksanaaken benjing:
Dinten : Jemuah – Setu
Surya : 15-16 Agustus 2014
Tabuh : 08.00 dumugi paripurna
Papan : Gelora 10 Nopember Tambaksari Surabaya
Pramila, para siswa ingkang badhe dherek lomba supados daftar ing sekretariat OSIS kaliyan Sdr. Bagus Pramono utawi Sdri. Indah Pratiwi wara-wara punika, sageda dipun leksanakaken kanthi saestu. Matur nuwun.
Surabaya, 8 Agustus 2014
Ketua OSIS,

Tanda Tangan

M. Asyrofi Pramono


8. Layang Lelayu
 
Sewon, 10 Oktober 2013
Katur dhumateng Riski
Ing Patalan
Assalamualaikum wr.wb
            Inna Lillahi Wa Inna Ilaihi Roji’un
            Sampun Kapundut wonten ngarsa dalem Allah SWT inggih menika Fitri Arifiana Utami :
            pidalem ing       : Salakan
            seda                 : Rabu, 19 Desember 2001
            yuswa               : 3 tahun
            Nyarekaken layon insya Allah :
            dinten/tanggal   : Kamis, 20 Desember 2001
            tabuh               : 14.00 WIB
            ing makam       : Sasonoloyo Saman
            Mekaten pawartos lelayu menika kaaturaken. Mugi ndadosaken kawuning dhumateng sedaya sanak kadang. Awit kawigatosanipun, sedaya kula warga ingkang tinilar ngaturaken aguning panuwun.
Wassalamualaikum wr.wb














































































Tidak ada komentar:

Posting Komentar

CONTOH ARANSEMEN LAGU ( LOVE SCENARIO- IKON )

MERAIH MIMPI ( IKON- LOVE SCENARIO ) Kita Bersama Meraih Mimpi Terus Berjuang Tiada Henti Sperti Melodrama Indah Akhirny...